Oke,...bar moci kayong pikirane radan pres lah...
yuk mari,..ana apasih neng Kang Ruta,....tretttttttttt,....cuzzzzzzzzzzzzzzzzzzzzz.........
Pada
suatu dina bojone Kang Ruta lagi ngumbahi klambi neng pinggire sumur (
pokoke tempat cucian artine ya? ). Bojone Kang Ruta kayong wew hepi
nemen, ari ngumbahi klambi karo hensetan dengan lagu cirebonan ( maklum
Hape anyar,.. ). Jare Kang Ruta, " Bojne enyong kayong lagi kurang penet
." Kang Ruta mug gedeg-gedeg tok weruh bojone ngumbahi klambine dimodif
karo hensetan.
Peertama-tama tah ora papa weruh bojone
ngepe jarit/klambi sing kas dikumbahi. Tapi barang Kang Ruta mlaku meng
mburi pan nguyuh terus weruh ana gombal sing jare Kang Ruta kwe klambi
kebesaran alias klambi perang alias klambi sing nggo pranti macul neng
sawah lagi didekum nganggo banyu bekas bilasan jarit sing wis didepeni,
Kang Ruta endhase langsung metu sungune karo raine abang kaya wang-wa.
Wis pokoke ekspresine ora ndoyani nemen, dalahi endog ya langsung
mateng.
" Sum,....sum....kyeh mene kyeh !!! " Kang Ruta memanggil.
" Sum,..sum.....mene !!!! " Kedua kalinya Kang Ruta memanggil.
" Ya pih,..ana apa ngundang-ngundang? Esih esuk ka,..engko beng bae ya kena oh. " Bojone Kang Ruta menjawab.
" Kyeh mene cepet,..aja ngejaki gluwean. Enyong lagi ora mut !!" Semaure Kang Ruta.
Bojone
Kang Ruta sing lagi napeni beras neng emper umah langsung segera
meluncur menemui Kakanda Ruta. Karo atine deg-ged pyar dan penasaran ana
apa donge. Tapi tetep, sebagai bojo sing pengin olih surgane suami ya
meseme ora klalen dan memasang wajah berseri-seri.
" Ana apa sih pih? " Bojone takon ( kas dituku kena Hape anyar ya ngundange papih,..preeeetttttt. )
" Pah-pih,...pah-pih,..gundulmu. Enyong pan takon, enyong kurang apa karo koen Sum? "Kang Ruta takon.
" Maksude sampean kepriben? Ora nggenah temen sih ! " Semaure bojone.
"
Enyong macul nggal dina kye nggo koen Sum, nggo anake kita, nggo
keluarga. Koen njaluk tuku daster anyar ya tak tuku kena, njaluk Hape
anyar ya tak tuku kena, njaluk ini-itu ya aku nurut. " Keluh kesahe
Ruta.
" Ya,..terus maksude apa? Sampean ora ikhlas? Sampean wis
bosen karo enyong? Mokat pan luruh sing luwih mbosdel ya mana lah !"
Ketus bojone.
" Sum,..Sum,...bisane koen sing jengkel? Donge enyong sing jengkel Sum ! " Jare Kang Ruta.
" Terus jengkele kenangapa arjunaku? " Bojone karo ngledek.
"
mene Sum njagong neng iringane enyong,......kaeh koen weruh klambine
enyong sing nggo pranti macul? Memang wis ora pantes diarani
klambi,pantese diarani gombal. Tapi apa koen ora pernah nduwe pikiran
ngonong Sum,..Anane klambi apik, daster apik, clana lepis, karo
liya-liyane kye aku kringetane, mambu apeke karo kambi kuwe, sing jare
koen gombal. Mbok ya dihargai setitik walaupun kuwe klambi gudu
menungsa. Sangger kayong jijik ngumbahine dicampur karo klambi liyane
sing apik-apik mbok ya dipisah, aja ngganggo banyu bekas kaya kuwe. Mbok
ya nganggo banyu anyar karo sabun anyar,...katone tah sepele Sum, tapi
semono-mono kwe pembelajaran nggo dewek. " Seolah-olah bijaksana Kang
Ruta.
" Iya yah Mas,...dih ka enyong ora kepikiran mengono. Tapi
ya kye maap mas,..klambine wis kaya kae nemen apa sampean ora pengin
ganti? Malah nggo tuku dastere enyong terus. " Semaure bojone.
"
Ya wis,...sing penting saiki koen ngerti maksude kan Sum? Ngesuk maring
pasar, enyong tuku kena klambi sing nggo pranti macul. Barang klambi kwe
pan diguang ya tulung dikumbahi sing bersih ndisit ya? " Jare Ruta.
" Iya mas,..enyong makin cinta sung karo sampean." Semaure bojone.
" Ambung oh,.." Semaure Ruta.
" Sungkan,..esih mambu gudal " Jare bojone.
Akhire
Kang Ruta ngakak-ngakak nemen,......seketika umahe Kang Ruta katone
istana sing dikelilingi bunga-bunga karo kupu-kupu dan pelangi pastinya.
otreeee,......................begitulah
ceritanya. Kadang kita sering menilai sesuatu tidak dengan mata hati
kita.....semoga
bermanfaat,...cuzzzzzzzzzzzzzzzzzzzzzzzzzzzzzzzzzzzzzzzzzz.
No comments:
Post a Comment